Pangkur
(Kajupuk saka : Serat Wulangreh dening PB IV)
Pada 1
Sekar
Pangkur kang winarna,
Lelabuhan
kang kanggo wong ngaurip,
Ala
lan becik puniku,
Prayoga
kawruhana,
Adat
waton puniku dipunkadulu,
Miwah
ingkang tata krama,
Den
kaesthi siyang ratri.
Gancaran
:
Wewarah/piwulang iki
kaemot (dimuat) mawa tembnag Pangkur, prayogane kokmangerteni, baba pengabdian
marang panguripan, bab apik lan ala perlu dimangerteni uga, perlu uga
dimangerteni adat lan aturan. Saben dinane aja padha nglalekake tata krama.
Pada 2
Deduga
lawan prayoga
myang
watara reringa aywa lali,
Iku
prabot satuhu,
tan
kena tininggala,
tangi
lungguh angadeg tuwin lumaku,
angucap
meneng anendra,
duga-duga
nora lali
Gancaran
:
Aja padha nglalekake, akeh sithik padha
cubriya (curiga) amarga iki kabeh ora kena dilalekake, embuh iku nalika isih
melek, lungguhan, tangi turu,mlaku, meneng,ngomong, lan nalika turu (kabeh iku
aja nganti nglalekake nalar lan pikiran).
Pada 3
Miwah
ta sabarang karya,
ing
prakara gedhe kalawan cilik,
papat
iku datan kentun,
kanggo
sedina-dina,
rina
wengi myang praja miwahing dusun,
kabeh
kang padha ambegan,
papat
iku aja lali.
Gancaran
:
Sarta sabarang panggaweyan, ing prakara
kang gedhe utawa cilik, sifat kang patang prakara iku aja nganti lali, anggone
ing saben dina, rina sarta wengi, becik ana kutha utawa ana dusun menawa sifat
manungsa isih ambegan, kang patang perkara
mau ora kena lali. Kang dikarpake tembung “papat iku” yaiku :
1.
Hangawruhi prakara ala lan becik
2.
Hangdulu adat lan waton
3.
Hangesti tata krama
4.
Kudu nganggoni duga lan prayoga ing
sabarang karya
Pada
4
Kalamun
ana manungsa,
tan
nganggo ing duga lan prayogi,
iku
watake tan patut,
awor
lawan wong kathah,
degsura
deludur tan wruh ing atur,
aja
sira cedhak-cedhak,
nora
wurung neniwasi.
Gancaran :
Menawa ana manungsa kang ora ngenggoni
duga lan prayoga, watak kang kaya mangkono iku, ora patut dikumpulake marang
wong akeh, amarga watake kasar banget, sakerepe dhewe sarta ora ngerti aturan.
Wong kang kaya mangkono iku aja dicedhaki, amarga ora wurung bakal nyilakani.
Pada 5
Mapan
watake manungsa,
pan
ketemu ing laku lawan linggih,
Solah
muna muninipun,
Pan
dadi penengeran,
kang
pinter kang bodho miwah kang luhung,
kang
apinter kang bodho miwah kang luhur,
kang
sugih lan kang melarat,
tanapi
manungsa singgih.
Gancaran :
Titikane tindak-tanduk utawa perilaku
iku bisa dingingerti lumantar carane mlaku lan lungguh , tindak-tanduke lan
cara ngomonge. Sanajan wong mau ora pinter utawa bodho , duweni drajat dhuwur
utawa cendhek , sugih lan miskin/mlarat
Pada
6
Ulama
miwah maksiyat,
wong
kang kendel tanapi wong kang jirih,
durjana
bebotoh kaum
lanang
wadon pan padha,
panitike
manungsa watege wewategipun,
apa
dene wong kang nyata,
ing
pangawruh kang wus pasthi.
Gancaran :
Ulama utama wong nakal/penjahat, embuh
iku kang wani utawa kang jirih, tukang colong jupuk/maling apadene bebotoh,
lanang utawa wadon kabeh duweni watak lan titikan/ciri kang padha.
Pada 7
Tinitik
ing solah muna,
Lawan
malih ing laku lawan linggih
Iku
panengaranipun,
winawas
ginrahitan,
pramilane
ing kuna-kuna iku,
yen
amawas ing sujalma,
datan
amindo gaweni
Gancaran :
Iku kabeh bisa katon saka tindak-tanduke, cara
ngomonge, mlaku, lan lungguhe. Iku titikan/ciri kang gampang dingerteni lan
dirasakake. Mulane wong kuna utawa wong biyen arang bareng salah manawa mbiji
wong liya, mesthi pener ora nganggo mindho gaweni.
Pada
8
Ginulang
sadina-dina,
Wiwekane
mindeng basa basuki,
Ujubriya
punkibiri,
sumungah
tan kanggonan,
mung
sumendhe ing ngarsanira Hyang Agung,
ujar
sirik kang rineksa
kautaman
ulah-wadi.
Gancaran :
Kabeh
iku diupaya/dilakoni saben dinane supayane anggone ujar becik kaprungu , laku
kang ora becik disingkiri, ora duweni tindak-tanduk kang ala, kabeh iku mung
pasrah marang Gusti, tansah njaga ujar kang ora becik, kautaman sing digoleki.
Pada
9
Masa mengko mapan
arang,
kang katemu ing basa
kang basuki,
ingkang lumrah wong
puniku,
dhengki srei lan dora,
iren meren dahwen
pinasten kumingsun,
sesolahe tan prasaja,
jail methakil cariwis
Gancaran :
Ing wektu saiki, angel banget nemokake
tindak tanduk kang utama/apik. Umume manungsa ing jaman saiki padha dengki,
srakah/tamak, seneng ngapusi/dora, kesed, seneng meri/merinan, seneng maido
wong liya, gumedhe, ora jujur, jahil, jubriya, lan ora jujur/curang.
Pada
10
Alaning wong liya den
andhar,
ing becike liyan
dipunsimpeni,
becike dhewe
ginunggung,
kinarya pasamuan,
nora ngrasa alane dhewe
ngendhukur,
wong mangkono wategnya,
nora kena dencedhaki.
Gancaran :
Alaning wong liya dikandhakake marang
wong akeh, apike wong liya malah disimpen/ diumpetake, kaapikan/kaluwihane
awake dhewe dibombong/diagul-agulake ing
ngarepe wong akeh, ora ngrumangsani yen eleke awake dhewe iku akeh
matumpuk-tumpuk. Wong kang kaya mangkono ora patut dicedhaki.
Pada
11
Iku
wong durjana murka,
nora
ana mareme jroning ati,
sabarang
karepanipun,
senajan
wus katekan,
arep
maneh nora marem saya banjur,
luwamah
lawan amarah,
iku
ingkang den tutwuri.
Gancaran :
Kaya mangkono iku aran wong serakah, ora
duwe rasa pamarem ing jroning ati. Nadyan sabarang karepe wis katekan, nanging
isih kudu antuk maneh, amarga atine durung marem, panjangkane saya
kabanjur-banjur. Kamurkaan lan kanepson kang diuja ing atine.
Pada
12
ing
sabarang polah tingkah,
ing
pangucap tanapi lamun linggih,
sungkan
asor ambegipun,
pan
lumuh kaungkulan,
ing
sujanma pangrasane dhewekipun,
nora
ana kang memadha,
angrasa
luhur pribadi.
Gancaran :
Kabeh tindak tanduke, nalika ngomong lan
nalika lungguh, kekarepane ora gelem dikalahake dening wong liya, ora seneng
yen dipadhani wong liya, dheweke ngrumansani onjo/luwih dhewe tinimbang lyane.
Pada
13
Aja nedya ketempelan,
Watak ingkang tan becik
tinut wuri,
Wateg rusuh nora urus,
Tunggal lawan manungsa,
Dipunsami anglabuhi
kang apatut,
Darapon dadi tuladha,
Tinuta ing awuri.
Gancaran :
Aja nganti kowe kaptrapan/kapanggonan
samubarang kang pantes, amarga tindak tanduk kang angkara murka lan jahat kaya
mangkono ora patut diduweki manungsa. Mulane tindak tanduka sing becik saengga
dadi tuladha lan panutan ing tembe mburi.
Pada 14
Aja
lunyu lemer genjah,
angrong
pasanakan nyumur gumuling,
Ambubut
arit puniku,
Wateg
datan raharja,
pan
wong lunyu nora pantes dipunemut,
monyar-manyir
tan anteban,
dela
lemeran puniku.
Gancaran :
Dadi manungsa aja seneng ngenggoni watak
munafik, seneng goroh, lamis lambene ing pasamuan, amarga watak kang kaya
mangkono iku oara bakal nylametake jiwa ragamu, watak kang kaya mangkono aja
ditiru, seneng mencla-mencle tetembungane ora maton, watake lemer nggegilane
ngaurip lan ora patut seduluran ing masyarakat.
Pada
15
Para
penginan tegesnya,
genjah
iku cak-cekan barang kardi,
angrong
prasanak liripun,
remen
ulah miruda,
mring
rabine sadulur miwah ing batur,
mring
sanak myang prasanakan,
sok
senenga den ramuhi
Gancaran :
Manawa duweni pepinginan kudu kalakon
lan seneng melik duweking liyan, seneng ngomong elek, gampang kapincut bojone
liyan. Kabeh iku kumudu-kudu kalakon.
Pada
16
Nyumur
guling linira,
ambeladhah
nora duwe wewadi,
nora kene rubung-rubung,
wewadine
den umbar,
mbuntut
arit punika pracekanipun,
ambener
ing pangarepan,
nanging
nggarethel ing wuri.
Gancaran :
Nyumur guling tegese wong kang ora bisa
nyimpen wadi, (rahasia), Manawa
kaprungu kabar kang durung mesthi benere, cepet-cepet dipunsebar/dikandhakake
marang liyan, tembunge manis sangarepe wonge nanging
nggrundhel/guneman/ngrasani ing tembe mburi/manawa ora ana wonge.
Pada
17
Sabarang kang
dipunucap,
Nora wurung mung olehe
pribadi,
Iku labuhan tan patut,
Aja medya anelad,
Ing watege kang nem
prakara punika,
Kang sayogya ngupayaa,
Anglir mas timbul ing
warih.
Gancaran :
Kabeh sing diomongake mung kanggo
kepentingane awake dhewe. Kabeh iku dudu tindak-tanduk kang becik. Aja niru
sipat nem ing dhuwur mau, prayogane tumindak kaya dene emas kang tumimbul ing
dhuwur banyu. Yen kaya mangkono iku luwih mupangat marang wong akeh. Kanggo
tembang candhake, dilambangake kanthi tembang mas, yaiku tembang maskumambang.
0 Komentar