SERAT WULANGREH PUPUH SINOM DAN GANCARAN
SERAT WULANGREH PUPUH SINOM 1. Ambege kang wus utama t an ngendhak gunaning janmi miguna ing aguna s asolahe kudu bathi p intere den alingi b odhone dinokok ngayun p amrihe den inaa a ja na ngarani bangkit s uka lila den ina sapadha-padha. Gancaran Tindhak-tandhuke manusngsa kang wis utama iku ora bakal gelem adu kapinteran karo liyane. Bisa migunani kanggo sapa bae, kabeh kang ditindhakake kudu bisa nguntungake liyan. Ora mamerke kapinterane malah kepara ngetokake bodhone kanthi ancas supaya ora diasorke dening liyan. Aja nganti ana kang ngira menawa dheweke pinter lan iklas menawa diina dening wong liya. 2. Ingsun uga tan mangkana, b alilu kang sun alingi, k abisan sundekek ngarsa, i sin menek den arani, b alilu ing sujanmi, n anging batin ingsun cubluk, p arandene jroning...