SERAT WULANGREH PUPUH SINOM
1.
Ambege kang wus utama
tan ngendhak gunaning janmi
miguna ing aguna
sasolahe kudu bathi
pintere den alingi
bodhone dinokok ngayun
pamrihe den inaa
aja na ngarani bangkit
suka lila den ina sapadha-padha.
bodhone dinokok ngayun
pamrihe den inaa
aja na ngarani bangkit
suka lila den ina sapadha-padha.
Gancaran
Tindhak-tandhuke manusngsa kang wis
utama iku ora bakal gelem adu kapinteran karo liyane. Bisa migunani kanggo sapa
bae, kabeh kang ditindhakake kudu bisa nguntungake liyan. Ora mamerke
kapinterane malah kepara ngetokake bodhone kanthi ancas supaya ora diasorke
dening liyan. Aja nganti ana kang ngira menawa dheweke pinter lan iklas menawa
diina dening wong liya.
2.
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sundekek ngarsa,
isin menek den arani,
balilu ing sujanmi,
nanging batin ingsun cubluk,
parandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
Gancaran
“Aku durung bisa kaya ngono, bodhoku dak
tutupi lan pinterke tak dokok ngarep merha aku isin menawa diarani bodho dening
wong liya. Nanging ing atiku aku ngrasa sebenre isih bodho. Nanging iku dak
batin. Aku ngaku bisanan ora ngrasa menawa bisane gur crita.
3.
Tur ta duk masihe bocah,
akeh temen kang nuruti,
lakune wong kuna-kuna,
lelabetan kang abecik,
miwah carita ugi,
kang kajaba saking embuk,
iku kang aran kojah,
suprandene ingsun iki,
teka nora nana undaking kabisan.
Gancaran
“kamangka nalika aku isih cilik akeh
kang cerita bab tindhak-tandhuke wong jaman biyen ngenani carane ngabdi kang
becik. Kalebu ana uga kang cerita ngenani carita kang ora bener kang diarani
dongeng, nanging senadya n kaya ngono kapinteranku ora mundhak.”
4.
Carita nggon ingsun nular,
wong tuwa kang momong dingin,
akeh kang padha carita,
sun rungokno rina wengi,
samengko iseh eling,
sawise diwasa ingsun,
bapa kang paring wulang,
miwah ibu mituturi,
tata krama ing pratingkah karaharjan.
Gancaran
“dene carita kang dak kandakna iki asale
saka wong tua kang biyen momong aku, akeh carita kang dak rungokake ing awan
lan bengi nganti iki aku isih eling. Nalika diwasa bapak kang maringi aku piweling
dene ibu kang ngelingake bab tata krama lan tindhak-tandhuk ingkang becik.”
5.
Nanging padha estokana,
pitutur kang muni tulis,
yen sira nedya raharja,
anggone pitutur iki,
nggoningsun ngeling-eling,
pitutur wong sepuh-sepuh,
muga padha bisaa,
anganggo pitutur iki,
ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
Gancaran
“ lakonana piweling kang tinulis iki
menawa awakm kepengin selamet, lakoni piweling kang asale saka wong tua, muga –
muga awakmu kabeh bisa nglakoni piweling iki, sebab ajarane wong tuwa bakal ngentukake
berkah”
6.
Lan aja nalimpang madha,
mring leluhur dhingin-dhingin,
satindake den kawruhan,
ngurangi dhahar lan guling,
nggone ambangting dhiri,
amasuh sariranipun,
temene kang sinedya,
mungguh wong nendheng Hyang Widhi,
lamun temen lawas enggale tinekan.
Gancaran
“Aja ana kang nganti ngina leluhur,
ngertenana laku arupa tirakat ngurangi mangan lan turu. Iku mono kanggo
ngresiki awak, saengga bisa kasembadan kabeh kang dipepingini. Dene sapa bae
kang gelem nyenyuwun marang Gusti Kang Kuwasa kanthi temen, mesti cepet apadene
suwe bakal dikabulake.”
7.
Hyang sukma pan sipat murah,
njurungi kajating dasih,
ingkang temen tinemenan,
pan iku ujare Dalil,
nyatane ana ugi,
iya Ki Ageng Tarub,
wiwitina nenedha,
tan pedhot tumekeng siwi,
wayah buyut canggah warenge kan tampa.
Gancaran
“Gusti kang Maha Mulya iku kagungan
sipat kang Maha Murah kang ngabulake kabeh pepinginan kang tumemen, iku wis
dikandakna ana ing hadist, buktine uga ana. Ki Ageng Tarub ora mandheg anggone
nyenyuwun saengga anak, putu, buyut, canggah, lan warenge uga bisa melu
marisi.”
8.
Panembahan Senapati,
kang jumeneng ing matawis,
iku kapareng lan mangsa,
dhawuh nugrahaning widhi,
saturune lestari,
saking brekating leluhur,
mrih tulusing nugraha,
dhateng ingkang kari-kari,
wajib uga anirua lakunira.
Gancaran
“ Panembahan Senapati kang nata Mataram
uga pikantuk nugraha saka Gusti kang Maha Eka, turunane bisa nata amarga saka
berkahe leluhur, supaya bisa tetep langgeng anggone nata, wis samestine kudu
anut lelakon kasebut.”
9.
Mring luhur kuna-kuna,
enggone ambanting dhiri,
iya sakuwasanira,
sakuwate anglakoni,
nyegah turu sathithik,
sarta nyudaa dhaharipun,
paribasa bisaa,
anirua sapratelon saprapatan.
Gancaran
“ Leluhur jaman biyen tirakat wis mesti samampune,
kaya olehmu mampu nglakoni, ngurangi sitik turu lan manganmu. Ora perlu niru
kabeh apa kang dilakoni leluhur, saprotelon utawa seprapate wae wis cukup.”
10.
Ana ta silih bebasan,
padha sinaua ugi,
lara sajroning kepenak,
suka sajroning prihatin,
lawan ingkang prihatin,
mapan suka ing jronipun,
iku den sinauwa,
lan mati sajroning urip,
ing wong kuna pan mangkono kang den gulang.
Gancaran
“ Ana bebasan “ Pada sinaua ‘lara ing
sajrone sehat, seneng ing sajrone prihatin, seneng ing sajrone prihatin, prihatin
ing sajrone seneng, lan mati ing sajjrone urip’ kaya mengkono tirakate wong
jaman biyen.”
11.
Pamoring gusti
kawula,
pan iku ingkang sayekti,
dadine sotya ludira,
iku den waspada ugi,
gampangane ta kaki,
tembaga lawan mas iku,
linebur ing dahana,
luluh awor dadi siji,
mari nama kencana miwah tembaga.
Gancaran
“ gaetkna manunggale kawula Gusti kang
tumenen kaya dene sotyaludira. Kanthi prasaja, “Anakku, emas lan tembaga iku
leburen dadi siji ing jero geni, mula mengko bakal ilang jeneng emas lan
tembagane.”
12.
Ingaranana
kencana,
pan wus kamoran tembagi,
ingaranana tembaga,
wus kamoran kencana di,
milila dipunwastani,
mapan suwasa punika,
pamore mas tembaga,
pramila namane salin,
lan rupane sayekti yen warna beda.
Gancaran
“diarani emas kok wis campur karo
tembaga, menawa diarani tembaga ya wis campur karo emas. Mula campuran saka
emas lan tembaga mau diarani suwasa. Dene jenenge malih merga wujud lan wernane
uga malih.”
13.
Cahya abang tuntun jenar,
punika suwasa murni,
kalamun gawe suwasa,
tembagane nora becik,
pambesote tan resik,
utawa non emasipun,
iku dipunpandhinga,
sorote pasthi tan sami,
pan suwasa bubul arane punika.
Gancaran
“suwasa murni iku wernane abang-abang
nguning. Menawa nggawe suasa saka tembaga kang ora apik lan olehe nggawe ora
resik, tur emase ya emas enom, mula ora bakal bisa cumlrorot. Jenenge diarani
suwasa bubul.”
14.
Yen sira karya suwasana,
darapon dadine becik,
amilihana tembaga,
oleha tembaga prusi,
binesot ingkang resik,
sarta mas ira kang sepuh,
resik tan kawoworan,
dasar sari pasthi dadi,
iku kena ingaran suwasa mulya.
Gancaran
“menawa kepingin nggawe suwasa kang apik
, pilihen tembaga kang apik, syukur maneh menawa entuk tembaga prusi, digawe
kanthi resik, emas tua kanthi dasar sari kang ora ana campurane, asile bakal
dadi suwasa murni.
15.
Punika mapan upama,
tepane badan puniki,
lamun karsa ngawruhana,
pamore kawula gusti,
sayekti kudu resik,
aja ketempelan nepsu,
lumawah lan amarah,
sarta suci lair batin,
pedimene apan sarira tunggal.
Gancaran
“iku gur diumpamakake dadi ukuran awak
iki. Menawa kowe pengin ngerti bab manunggali kawula Gusti, kudune awak resik
ora ketemplekan nepsu lawwamah lan amarah, sarta suci lair batin supaya jiwamu
resik.”
16.
Lamun mangkonoa,
sayektine nora dadi,
mungguh ngelmu ingkang nyata,
nora kena den sasabi,
ewoh gampang sayekti,
puniku wong duwe kawruh,
gampang yen winicara,
angel yen durung marengi,
ing wektune binuka jroning wardaya.
Gancaran
“Menawa ora ngono mesthi ora bakal
kelakon, sinau elmu kang tumemen iku ora oleh dinomer lorokake. Kanggo kang
durung entuk kawruh pancen angel menawa ora temen. Gampang ngomong nanging
angel yen durung dibuka wiwitane.”
17.
Nanging ta sabarang karya,
kang kinira dadi becik,
pantes den talatenana,
lawas-lawas bok pinanggih,
den mantep jroning ati,
ngimanken tuduhing guru,
aja uga bosenan,
kalamun arsa udani,
apan ana dalile kang wus kalawan.
Gancaran
“Nanging, kabeh kang dikira apik iku
mesthine kotemenani, suwe – suwe mesthi bakal ketemu nan netep ing atimu.
Lakoni pituduhe Guru, aja cepet bosen menawa kepengin antuk kamulyan. Merga
pancen kaya ngono ukum kang wis ana ing dalil.”
18.
Marang leluhur
sadaya,
nggone nenedha mring widhi,
bisaa ambabonana,
dadi ugere rat jawi,
saking telateneki,
nggone katiban wahyu,
ing mula mulanira,
lakune leluhur dingin,
andhap asor anggone anamur lampah.
Gancaran
“ kabeh leluhur jaman biyen nyenyuwun
marang Gusti kang Kuwasa supaya bisa nguwasani Negara lan dadi pusate tanah
Jawa iku dilakoni saka wahyu merga Panjenengane andhap asor nalika nglakoni
tirakat.”
19.
Tampane nganggo alingan,
pan padha alaku tani,
iku kang kinarya sasap,
pamriha aja katawis,
jub rina lawan kabir,
sumungah ingkang den singkur,
lan endi kang kanggonan,
wahyune karaton jawi,
tinampelan anggape pan kumawula.
Gancaran
“Tapa / tirakat ditindhakake kanthi
nyamar dadi tani. Supaya ora ketara lan ora gumedhe marang kabisane awak. Malah
kepara gelem ngabdi marang wong kang oleh wahyu saka kraton.”
20.
Punika laku utama,
tumindak sarto kekaler,
nora ngatingalke lampah,
wadine kang den alingi,
panedyane ing batin,
pan jero pangarahipun,
asore ngemurasa,
prayoga tiniru ugi,
anak putu aja ana ninggal jalaran.
Gancaran
“kanthi nyamar iku tindhak tandhuk kang
utama, kang ora ngatonake menawa Panjenengane lagi nindakake tapa / laku /
tirakat. Apa kang disamarke iku mono pepenginan kang ana ing jero ati. Iku kang
dimaksud manunggaling kawula Gusti kang becik menawa ditiru supaya anak putu
ora kelangan warisane.”
21.
Lan maning ana wasiyat,
prasapa kang dingin dingin,
wajib padha kawruhana,
anak putu ingkang kari,
lan aja na kang wani,
nerak wewaleripun,
marang leluhur padha,
kang minulyakaken ing Widdhi,
muga-muga mufaatana ing darah.
Gancaran
“Ana wasiat kang arupa tabu (larangan)
kang diucap ing jaman biyen. Dadi anak putu kang wekasan kowe kudu ngerti lan
ora kena nglanggar tabu (larangan) saka leluhur kang dimulyakake dening Gusti
kang Maha Siji. Muga-muga bisa migunani tumrap kabeh kulawarga.”
22.
Wiwitan ingkang prasapa,
Ki Ageng Tarup memaling,
ing satedhak turunira,
tan linilan nganggo keris,
miwah waos tan keni,
kang awak waja puniku,
lembu tan kena dhahar,
daginge pan nora keni,
anginguwa marang wong wadon tan kena.
Gancaran
“ Kang pisanan ngendika tabu yaiku Ki
Ageng Tarub. Panjenengane meling supaya keturunane ora kena nganggo keris lan
tumbak kang digawe saka waja, ora oleh mangan daging sapi, lan ora oleh
ngingoni abdi wandan.”
23.
Dene Ki Ageng Sela,
Prasape ingkang tan keni,
ing satedhak turunira,
nyamping cindhe den waleri,
kapindhone tan keni,
ing ngarepan nandur waluh,
wohe tan kena dhahar,
Panembahan Senopati,
Ingalaga punika ingkang prasapa.
Gancaran
“ Dene Ki Ageng Sela ngendika tabu,
menawa turunane ora oleh nganggo kain cindai (tenun sutra alus), ora oleh
nandur nandur waluh ing nggarep omah tur ora oleh mangan wohe. Panembahan
Senapati Ingalaga ngendika tabu.” ...(terusan tabune ing pada 24)
24.
Ingkang tedhak turunira,
mapan nora den lilani,
anitiha kuda napas,
lan malih dipunwaleri,
yen nungganga turangga,
kang kakoncen surinipun,
dhahar ngungkurken lawang,
wuri tan ana nunggoni,
dipunemut punika mesthi tan kena.
Gancaran
“ Menawa turunane ora oleh numpak jaran
kang wernane klawu-klawu nguning, lan ora oleh numpak jaran kang rambute
diklabang, mangan membureni lawang kejaba ana kang njaga ing burine. Elingana
lan aja ana kang wani nglanggar kasebut.”
25.
Jeng Sultan Agung Mataram,
apaan nora anglilani,
mring tedhake yen nitiha,
kapal bendana yen jurit,
nganggo waos tan keni,
lamun linandheyan wregu,
datan ingaken darah,
yen tan bisa nembang kawi,
pan prayoga satedake sinauwa.
Gancaran
“ Kanjeng Sultan Agung Mataram ngendika
tabu menawa turunane ora oleh numpak jaran kang angel menawa diajak perang, ora
oleh nganggu tumbak kang gagange saka kayu wregu sarta ora bakal diakui dadi
turunan (Mataram) menawa ora bisa maca tembang kawi lan kudu (wajib) sinau
tembang kawi.”
26.
Jeng Sunan Pakubuwana,
kang jumeneng ing Samawis,
kondur mandek ing Kartasura,
prasapanira anenggih,
tan linilah anitih,
dipangga saturunipun,
Sunan Prabu Mangkurat,
waler mring saturunreki,
tan rinilan ujung astana ing Betah.
Gancaran
“ Kanjeng Sunan Pakubuwana yang
dititahake ing Semarang banjur nata ing Kartasura ngendika tabu menawa turunane
ora oleh numpak gajah. Sunan Prabu Amangkurat ngendika tabu menawa turunane ora
oleh ziyarah ing makam Butuh.” ....(lanjutane ing pada 27
27.
Lawan tan kena nganggowa,
dhuwung sarungan tan mawi,
kandelan yen nitih kuda,
kabeh aja na kang lali,
lawan aja nggogampil,
punika prasapanipun,
nenggih Kang jeng Susunan,
pakubuwana ping kalih,
mring satendhak turunira linarangan.
Gancaran mawi basa
Indonesia:
“Jika sedang menunggang kuda tidak boleh
menyandang keris tanpa pendhok. Janganlah kau meremehkan tabu-tabu diatas.
Adapun Kanjeng Susuhan Pakubuwana II mengucapkan tabu bahwa keturunannya
dilarang.”
“ Menawa lagi numpak jaran ora oleh
nganggo keris tanpa pedhok (sarung/tutup). Aja ana kang nggampangake tabu-tabu
kasebut. Dene Kanjeng Susuhan Pakubuwana II ngendika tabu menawa turunane
dipenging.” (tabune ana ing pada 28)
28.
Dhahar apyun nora kena,
sinerat tan den lilani,
nadyan nguntal linarangan,
sapa kang padha nglakoni,
narajang waler iki,
pan kongsi kalebon apyun,
pasti keneng prasapa,
linabakken tedhakneki,
Kanjeng Sunan ingkang sumare Nglawiyan.
Gancaran
“Madat (narkoba) diserot apadene
dipangan. Sapa kang nglanggar tabu madat bakal ditokna saka daftar keturunan
Kanjeng Sunan kang disarekake ing Laweyan.”
29.
Prasapa Kanjeng susunan,
Pakubuwana kaping tri,
mring satedhak turunira,
apan nora den lilani,
agawe andel ugi,
wong sejen ing jinisipun,
apan iku linarangan,
anak putu wuri-wuri,
poma aja wani anrajang prasapa.
Gancaran
“ Dene Kanjeng Susuhunan Pakubuwana III
ngendika tabu menawa turunane ora oleh njupuk wong kapracayan (tangan kanan)
kang ora saka wangsa kang padha, sarta anak putune ora kena nglanggar.”
30.
Wonten waler kaliwatan,
saking luhur dingin dingin,
linarangan angumbaha,
wana Krendhawahaneki,
dene kang amaleri,
Sang Datan Jaya rumuhun,
lan malih winaleran,
kabeh tedhak ing Matawis,
yen dolana mring wana tan kena.
Gancaran
“ Isih ana tabu saka leluhur kang
kliwatan yaiku ora kena ngambah alas Krendhawana. Dene kang ngendika tabu
kasebut yaiku Dananjaya. Ana maneh tabu kanggo keturunan Mataram yaiku ora oleh
dolanan ana ing alas lan ing rawa-rawa.”
31.
Dene sesirikanira,
yen tedhak ing Demak nenggih,
mangangge wulung tan kena,
ana kang nyenyirik malih,
bebet lonthang tan keni,
yeku yen tedhak Madiyun,
lan payung dadaan abang,
tedhak Madura tan keni,
yen nganggowa bebanthikan parang rusak.
Gancaran
“ Dene tabu kanggo turunan Demak yaiku
ora kena nganggo klambi werna ungu, tabu kanggo turunan Madiun yaiku ora kena
nganggo kain dawa lonthang lan payung kang pepaese abang, tabu kanggo turunan
Madura yaiku ora kena nganggo bathik kang motife parang rusak.”
32.
Yen tedhak Kudus tak kena,
yen dhahara daging sapi,
nen tedhak Sumenep iku,
nora kena ajang piring,
watu tan den lilani,
lawan kidang ulamipun,
tan kena yen dhahara,
miwah lamun dhahar ugi,
nora kena ajang godhong pelasa.
Gancaran
“Keturunan Kudus ora oleh mangan daging
sapi, keturunan sumenep ora oleh mangan nganggo piring watu mangan daging
kidang, lan nggunakake godhong plasa kanggo tatakan.”
33.
Kabeh anak putu padha,
eling elingan ywa lali,
prasapa kang kuna-kuna,
wewaler leluhur nguni,
estokana away lali,
aja nganti nemu dudu,
kalamun wani nerak,
pasti tan manggih basuki,
Sinom salin Girisa ingkang atampa.
Gancaran
“ Kabeh anak putu, elingana tabu jaman
kuna warisane leluhur lan aja ana kang nglanggar. Sapa kang wani nglanggar
mesthi ora bakal selamet lan kang krungu iki supaya giris.” (giris iki maksude marga tembang sacandhake
iku tembang girisa)
0 Komentar